Naliko ingsun ketemu
mring sliramu
doh wong ayu gelem pora
menut trane taku
kowe tansah mesem
sarto ngguyu
dilakoni sak solahe
yen ngendiko ngresepake
aku tansah mikirake
nanging kowe ora gelem nggape
koyo ngene rasane
wong kayungyun
rino wengi tor tansah ngelamun
gedene nggonku kasmaran
eneng omah ora krasan
ora eling mring kahanan
tiwas sedar datan kasembadan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar